Prabu Pandhu duwe anak lima
lanang kabeh, mula dijenengi Pandhawa lima. Pambarepe Raden Puntadewa
(Yudistira), panenggake Raden Bratasena (Bima) , penengahe Raden Janaka
(Arjuna) banjur kembar Raden Pinten (Nakula) lan Raden Tangsen (Sadewa). Raden
Destarastra duwe anak satus dijenengi sata kurawa. Tegese kurawa cacah satus,
lanang 99 lan wadon siji jenenge Dewi Dursilawati. Pambarepe Raden Jaka Pitana
utawa suyudana. Nomer loro Raden Pursasana, Raden Kartamarma, Raden Durmagati,
Raden Citaraksa lan Raden Citraksi. Prabu Pandhu mati nalika Pandhawa isih
cilik-cilik. Mula keprabon Ngastina banjur dipasrahake marang adipati
Dhestarastra minangka Prabu Wakil. Sang Prabu wakil banjur wisuda Raden Jaka
Pitana dadi ratu Ngastina jejuluke Prabu Duryudana. Nalika Pandhawa wis gedhe,
Raden Punthadewa (Yudhistira) wis dadi ratu ing ngamarta.Paragane lan watake : Prabu
Pandhu,Prabu Duryudana, Raden Dursasana, Pandhawa lima : Yudhistira (watake : Sabar
lan nrima, setya lan tresna dhateng sesamai, jujur, remen paring dana, gandrung
dhateng kautamen, lan adil paramarta), Bima (watake : Lugu, jujur, prasaja, tan
mendha saking bebaya, tan wedi guntur teka kang sinedya, kang cinipta dadi),
Arjuna (watake : Tansah asih,rremen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti
tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning bathara), Nakula lan Sadewa
(watake : tansah jagi karahayonanigng nagari). Pituture : Sedulur kudu rukun, dadi
wong aja serakah kaya watake Kurawa, kebecikan bakale ketitik, lan ala bakale
ketara.
PANDHAWA
LIMA
Pandhawa iku
cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa Lima. Nalika
dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan
keprigelane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora
seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan
ngajeni marang sapepadhane.
Sebabe Pandhawa lan Kurawa ora bias rukun, amarga Dewi
Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok
malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku. Mula banjur nibakake pangipat-ipat
manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan. Paragane lan watake : Yudhistira
(watake : bijaksana, ora nduweni mungsuh), Bima (watake : gagah
prakosa, teguh, kuat, tabah, patuh lan jujur. Uga nduweni watak kasar lan
medeni kanggo mungsh, malah snadyan dheweke alus), Arjuna (watake : cerdik pandai,
pendiam, lemah lembut budinya,teliti, sopan-santun, berani dan suka melindungi
yang lemah), Nakula, lan Sadewa (watake : jujur, setia, patuh marang wong tua,
ngerti balas budi lan bisa njaga rahasia).
PUNAKAWAN
Punakawan
saka tembung pana lan kawan. Pana tegese ngerti. Kawan tegese
kanca. Punakawan
tegese ngerti kahanane kanca.
Ing crita wayang, Ponokawan iku abdine Pandhawa. Utawa abdine
Janaka. Sing diarani panakawan yaiku Semar, Bagong, Petruk, lan Gareng. Semar
iku wong kang nduweni sipat apik ing Arjawinangun. sing ngaturi Sawise
petani nyebari winih wiji pari, banjur dianakaken sedekah lan upacara kanggo
nglancaraken lan ngaturi syukur panen kanggo gusti ingkang maha agung, nanging
masyarakat ora pada ngandel . Merga semar kabungus sawentara kain putih,
semar mati saka setit. Lan sodakohe ora
dilakukna maning. Nanging wiwit ora dianakaken sodakoh mau , panene dadi surem. Saka kedadean iku ,
sodakoh dianakaken mening . Amarga masyarakat percaya yen panene akeh amarga
Semar , lan percaya sodakohe bisa dilipat gendakna.
Paragane : Semar, Gareng, Petruk, Bagong. Latar panggonane : ing Depok
arjawinangun. Pituture : Dadi manungsa iku kudu seneng sodakoh lan ngraos
syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung , dadi manungsa kudu bisa
mbedakaken pundi sing sae lan sing
mboten, dadi manungsa kudu nduweni sipat kang konsisten.
BIMA
Raden werkudara utawa bima iku
anak nomer 2 saka kunti lan raden pandudewanata. Bima sampun kagungan saka
bermana lomba setan, gatotkaca, antareja. Watake : wani, kuat, teguh, jujur,
lan duweni macem macem senjata. Ing antawisipun kuku pancanaka. Bima urip ing
kadipaten jodhipati. Kagungan garwa 3, dewi nagagini, arimbi, lan urangayu.
Bima duweni sandhangan sing atine agung, yaiku Bun Pundak sategal, pupuk jarot
asem, samping surengpati. Pituture :
dadi wong duweni sipat sanjana bima duweni sipat teguh, wani, kuat, lan jujur.
DEWA
RUCI
Ing Amarta negara, King Suyudana
/ king Mandaraka / prabu Salya ngrembakaken carane Pandawa bisa ngapus supaya
numpes, sadurunge perang Baratayuda, bebarengan karo Rishi Druna, Adipati
Karna, Raden Suwirya, Raden Jayasusena, Raden Rikadurjaya, Adipati saka
Sindusena, endi, Patih Sengkuni, Bisma, Dursasana, lan liya-liyane, kalebu makam
/ andel nggedhekake. Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure wonten
buto kaleh kang ngalangi
Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur
buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bathara kaleh mau atur
panuhun marang Brantasena.
Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik
Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero
lan ombo. Banjur
Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Ing
padepokan Brantasena tanglet
marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang awake, uga Brantasena tangklet
meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli," isih ono syarat
kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA (tirta
kesucian) kang ono ing jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit
marang gurune. Brantasena
bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra banjur langsung
nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra
Brantasena di cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke.
Ananging Brantasena saged ngalahke
naga mau.
Banjur Dewa
Ruci rawuh, lan
muji Brantasena,
maarga kekuatan lan tekate. Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang
awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena
gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu
marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.